WEJANGANE SUSUHUNAN GUNUNG JATI MARANG SYEH MALAYA

KINANTHI

Syeh Malaya nembah matur, mring Jeng Sunan Gunung Jati, dhuh Pukulun Sang Pinudya amba minta tuduh jati, singir kang sampun kinocap, paran artosipun mangkin.

Wonten ing sih Pukulun, rehing mudha dameng budi, sasat sato umpaminya Jeng Sunan ing Gunung Jati, alon denira ngandika, rungunen mengko sun wisik.

Tegese singir pan kidung, kinarya pangeling-eling, para Syeh tanah Arab yen pana winor ing gending, sedhapur singir punika saking Syeh Ibrahim Arki.

Iya Tatkalane panggut ing kaca ingkang baresih, yeku lawan diwangkara, mangka antarane kadi dahana akanta-kantar wus nyata tanpa ling-aling.

Sabawang sumilir iku, iya sang sedya ngulati, kalawan kang ingulatan, iya kang nedya panggih, yayi rasakna den karsa, puniku ujaring singir.

Woten malih singiripun, asale saking Syeh Sabti satuhu ma’rifatira, tetep dadi aling-aling, antarane kang tumingal neggihmring kang den tingali.

Sirnakna ing tingalipun, ing liyan kang den tingali, wonten malih singiringwang, nenggih saking Syeh Mukidin Kangjeng Syeh Mukidin mapan, kang putra Syeh ing Arabi.

Yen mikir tanjeh sireku, dadiya kang banget nuli, yen amikir tasbeh siraing wewilangane den dadi, yenkatam karone sira, dadi surasa sayekti. uwis

Analingalana sireku, ing gusti kalawan Gusti kalayan kumpule ika, aja pisahe den pikir, yen uwis mengkono sira, Maha Suci Maha Gusti.

Katekan nyataning makluk kalamun sira nduweni mata kalawan paningal, kang makluk iku dadi, kanyatahaning Kalekan, yen sira iku nduweni.

Sayektine kang kadulu liyan kang tngal sawiji sawiji ing dalem rupa, puniku singir pan maksih, Kangjeng Syeh nama, Mujidina Ibnul ‘Arabi.

Padha nyirnakna puniku, tetulisan kang tinulis lan sakehe kitabira kang muni pangucap ilmi, lamun ora mangkonowa tan kagepok kang sayekti.

Lawan ing tyas tan-a-teguh katungkul pijer ngulati, karana satemenira, tulisanira tan keni genendholan kang sanyata, ing sawuwusingsun iki.

Minangka kutha pikukuh, ing kutha angenguthani pan kutha kuthaning kutha, kederan kang angubengi, ing lelaren pancadriya, tan kena binedhah dening.

Sasmita dangdananipun, apan ora angentasi amung binedhah ing baka yeku ingkang angubengi ageme Sye Aribi Llah kang darbe kidung puniki.

Lah kidungipun, Syeh Abu Jajib Bastami tan ana paningalira, amung ingkang angalingi, pan ora ana kang ilang pan anging pandengireki.

Sapa yun wruh ing sireku, iya tingalana saking saking sira sarta sira temuning sira sireki, pan dumeling ananira, sesama sameng sesami.

Ora beda lawan ingsun, yen dedeya iku sisip, yen tunggala iku sasar sasal sisip wujut siji agawok ingsun tumingal, ing wong angulati Gusti.

Sun-srahaken birahiningsun, marang angeningsun iki, mangka geseng ciptaningwang geni badan kang anggesengi sayektine nuli kena, ingkang pada biraheni.

Sayekti badan kemelun,remuk ing reh manaput lah singir malih punika, kidunge Syeh Rudadi, mangkana pandhita mulya Sujadi wa kuwattihi.

Pangandikaning Hyang Agung, kalamun ingsun kapanggih kalawan kekasihingwang dadi kawula pun mami, kalamun ingsun kapisah kalawan kekasih-mami.

Sun dadi ratuning ratu-ratu ratuning sabumi ratu angratoni jagad, ratu ratu angratoni, ing ratu ratu sadaya mangkana Jeng Syeh Rudadi.

Lah punika singiripun, Syeh Semangu Asarani, ing ngendi ananing ana ananing beda ing ngendi, ananging beda lan ana, ape pisan apa tunggil.

Lawan ngendi wohing banyu kang metu saking wiyati tegese woh banyu ika saking wite ingkang mijl yekti wenang saking tunggal paworing woh lawan uwit.

Uwus ikuyayi mung puniku, mungguh babaring singir, tarbukaning sangkan paran keni kinarya nyaringi, panglimbanging budinira, Syeh Malaya anampeni.

Kanugrahan kang linuhung, sarahsaning wos wus tamsil Syech Malaya ngaras pada, mring Jeng Sunan Gunung Jati alon wau aturira wong dadya guru Sajati.

Yen kirang waspadeng semu, kasamaran temah maring rahsane datan kacekap kathah guru-guru sisip, kengser sira kabelasar, tulus amangeran tulis.

Jeng Sunan ngendika arum, angel pratingkahing urip sanadyan ahliya kitab suluk ahli pikir, lamun ora puruhita tatane kurang premati.

Dene pra oliya sagung tulis mung mangka pangeling nanging rahsane datan sah, sahe saking tinalesih, maksude musawaratan, mrih mulyane Megat-pati.

MEGATRUH

Nabi Musa ngaku luhur tanpa guru ngamungken nyaring tulis, ngadelaken Toretipun,den nyana wus anguwisi, tan wruh lamun maksih adoh.

Meh kelantur ing pratingkahing esmu puguh, gya binendon ing Hyang Widhi nulya kinen anggeguru, nggeguru mring Nabi Kilir kang kari manut mangkono.

Sajatine ingkang aran guru iku, dudu guru muruk ngaji, dudu guru muruk ngidung,dudu guru muruk tulis dudu gur muruk ngedot.

Dudu guru muruk kasekten puniku, dudu guru muruk dhikir paguron anane aku, dene guru kang sayekti, kang amejang ‘ilmu jatos.

Aja sira nggeguru pandhitabesus, pandhita sifat nameki lan …?… malihipun,  taberen sanadyan nenggih yeku pandhita angemong.

Tuwin aja nggeguru pandhita lengus yeku pandhita sak serik…

….

Ora pegat mulyakken sariranipun, pujine Ngabekti bumi saosike enengipun ora samar dadi puji sembah pujine tan pegot.

Dene ingkang pandhita wiladi iku asareh wuwuse aris tan wuruk sudi karyeki  lakune  pandhita sufi den antepi lair batos.

Wonten ingkang pandhita durung satuhu kaselak pangakuneki …?…endon wilangipun nyamut-nyamut maksih tebih dulung mantra mantra nggepok.

Maksih sara kewala pralambangipun, tuna …?..bet kang samya amrih, pandhita mangkono iku, umpamane muridneki, wong ngimel klasamoh.

Poma yayi estokna yen anggeguru, saliyane saking mami denawas wasanaipun angele wong ulah ilmu yen keblender amalendo.

Syeh Malaya alon den umatur, mring Jeng Sunan Gunung Jati sewu ing pamundinipun wrin rerencangan rericik parabota amrih akwroh.

Nanging ulun mangke kalilanana matur lampahaning para Nabi kang sampun kawarta wau, Nabi Musa Nabi Kilir dene teko sewu elok.

Nabi Musa amengku sari’at agung tur ngiras daya Narpati Nabi Kilir Nabi Rarul, sari’at tan amengkoni mung mung mungkul sarehing lakon.

Teko Nabi Kilir kang linuhur, amung kang buwana balik asor asale aluhur, kang luhur asor mayat sih  Jeng Sunan ngandika alon.

Ilmu iku tan pasthi neng janma luhur, tan pasthi neng janma singgih tan pasthi neng janma sepuh, ana nugraha pribadi terkadhang ana wong anom.

SINOM

Kadhang aneng papa, ora kena den gagapi, tan kena kinaya ngapa, pepancenira pribadi, yen rinilan ing Widhi, nadya durung masanipun, angulah kalepasan, terantame wus pratitis angungkuli pangawikaning …?..kuma.

Kaya mau Nabi Musa kalawan Jeng Nabi Kilir, kawruhe ing kasuyatan, linuhurken Nabi Kilir, marga wus anglakoni akarem mring ora iku, anyegah napsu hawa, ing nala dumilah wening, konang-konang kahananing kene kana.

Mandar antuk kanugrahan, panjenengane Nabi Kilir kinarya Heh Nabiu’ilah, nartani ora ngemasi wus angenggoni gaib lir batine kawengku, iku njaring kitab embuh nyatane samangkin, dene pan wus kareban pirang jaman.

Saestu kawula angkah lari-lari angulati numpal-keli ngulandara, ngreranggeh nugraha jati Jeng Sunan ngandika ris, ujaring pawarta iku iya ing Baru Lakhah dumununging Nabi Kilir, tanah lumat agaib panggonanira.

Kaya ora kalampahan, sira adreng anglelari, sasat ngupaya kumandhang, Syeh Malaya matur aris, kenceng tyas-alun mangkin amung pangestu Pukulun sageda kasembadan, pinanggin Jeng Nabi Kilir kalilahna mangkat samangki kewala.

Ngungun sakala miyarsa Jeng Sunan ing Gunung Jati mring antepe Syeh Malaya winawas ing sambang liring, dadya damar sajati, wasana sewu jumurung lajeng ungkur-ungkuran, Jeng Susuhunan Gunung Jati, mangan mulat angkate sang Syeh Malaya.

BERSAMBUNG...
*) Buku Wejangan Walisanga
*) Sebagian terjemahannya bisa dilihat disini
About these ads

7 responses to “WEJANGANE SUSUHUNAN GUNUNG JATI MARANG SYEH MALAYA

  1. Pingback: wejangan para wali | akhmadarifin41

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s