Gallery

Kaweruh Impen

LES-ING TURU

Manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, rerem sajroning baitalmakmur, banjur muntu ing koroning pramana, nglerep sakehing pancadriya, mangka kaprabawan dening pangawasaning suksma nggelar pangrasa. Wahanane dadi turu kahananing jasad kita, ing kono saka ing pangrasa katonton ‘alaming impen, kalaksanan sakehing solah bawa kabeh.

TANGINING TURU

Manawa pangawasaning suksma wis mbabar pancadriya, sarta mbabar koroning pramana, banjur ngrebdakake hawaning napsu, nuwuhake pangrasaning budi ngantisumarambah ing jasad kita kabeh. Ing kono wahanane dadi tangi kahananing jasad-kita, banjur weruh maneh marang sakehe kang katonton ing ‘alam dunya, dipralambangi : Nenun senteg pisan Nigasi, tegese sedhela  ing panduluning alam impenbanjur bisa weruh kang katonton ing ‘alam dunya kabeh.

PRATINGKELING TURU KANG KABENERAN

Pucung

Kang pinucung: pamedhare kang linuhung, mashur tanah-tanah, karemate sampun dadi, kang panengran tuwan Sayid Sabariman.

Rem netraku: sarene iku winuwus, surupe den genah, aja pijer kerem ngimpi, lamun ngimpi asupe jatining gesang.

Karsa lamun: pruhita marang ing ‘ilmu, yen dalu kewala, wawasna den denira guling, yen wus terang manjing suruping anendra.

Kang nendreku: kang sare punapanipun, dene kadya pejah, mung kaot napas sing taksih, yen pejaha jekti napase tan ana.

Sapa wikun: sare kalong apa wuwuh, lunga apa ora, yen lunga marang ing ngendi, yen tan lungaden bekemi ntut tan krasa.

Tan kalongku: den undang nora sumaur, kalamun wuwuha, apa ginawe wuwuhi, dipun weruh anendra sekaring pejah.

Jrone wungu: apa ana ingkang wungu, kang wungu punapa, lawan sinten ingkang guling, ora ‘ilmu kudu trang witing anendra.

Jro nendraku: sing wungu neng ngendi mungguh, lawan jroning lenggah, sing guling manggon neng ngendi, ingkang sorah wus celak parane pejah.

Aja tungkul: sira urip neng dunyeku, kang anim kang tuwa, urip ingkang kenen pati, dipun awas sira parane palastra.

Yen tan wruh ku: kapriye tekane lampus, mila wajib terang, ngaurip panjinging pati, pirabara Ki Secalegawa.

Ulatneku: lurunen dipun katemu, yekti tan kapanggya, yen gonjing denira mikir, ingkang akeh anut basa glandangan.

Yen nggeguru: culiken kalawan kawruh, ywa tampik sujanma, kira mirib den bekteni, aja cuwa mring wong kang sudra malarat.

Yen ayun wruh: mring wejange wong aturu, ‘ilmu kawruhira, siramen ing ati suci, yen tawekal yen layap-layap awasna.

Aja supe: sireku kalamun idhup, umpamane sira, kaya lare ngunda glathik, ingkang ngunda pan kudu linincak-lincak.

Yen kena wus: linincak getaken mabur, aja nganti nggeblas, yen nggeblas punika lali, nuwuhaken sakathahing kang supena.

Yen si manuk: ginegem kenceng tan ucul, sayekti karipan, mripat sepet datan guling, lah kapriye ingkang tiba kabeneran.

Iya manuk: amencok pangundhan kayu, bolahe sinendhal, kablak kejer ingkang glathik, nging glathike maksih nyengkerem pangundan.

Lir puniku: nenggih pratingkeling turu, ingkang kaleresan, sayekti yen datan ngimpi, tur wus sare ora kewran obahing Rat.

Sanadyanku: den jak caturan sumaur, sajrone anendra, nora wuta nora tuli, nora bisu teteh titis yen ngandika.

KANG DADI SABAB BISANE TURU

Kang dadi sabab bisane turu iku mengkene : ing nalikane raga iku tentrem, rasa pangrasaning cipta iya ayem, pupuling panon jenjem, jenejeming panon temeh kawawa narik sarining mani kang wis padha manuksma ing getih, dene sari sarasaning panon lumuntur manuksma ing karsa, sari sarasaning akarsa kukud tumama ing pramana, dadi loro-loroning atunggal, pramana bareng wis kasamaptan dening kukudaning sari sarasaning karsa, temah gumelaring pepadhanging pramana padha kempel, kempeling pepadhang mau tumuli gana dadi putih maligi angganing pramana, ing kono katarbuka adeging trimurti, mulane turu iku ora kawawa nuli celathu ngambu apa dene ngrungu, mungguh kang dadi sababe, awit padha koncatan panuksmaning sari sarasaning mani mau.

KANG NYABABAKE TINDHIHEN

Ing sawijining masa kala, ana uga wong kang nglilir saka anggone turu, ora kawawa ngobahake ragane, apa dene ngucapake celathune, ing tembun Jawa kang mengkono iku diarani TINDHIHEN, wong kang lagi turu mangka banjur tindhihen, iku sapira ta samitaning cipta anggone ngajak tangi, ewadene sarehne panon durung  nanggapi, dadi raga isih ora kawawa nglawani, mungguh panon anggone ora kawawa naggapi sasmitaning cipta mau (tindhihen iku), kena sabab mangkene.

Ing nalika nglilir, kumpuling sari sarasaning rasa pramana, wis padha gingsir lumengser marang karsa, utawa marang ing panon maneh. Ananging empaning tanduk sarenti, dadi balining kukudan rasa panuksmaning mani mau, durung kawawa anartani sakehing otot apa dene balung-balung sapanunggalane, awit getih kang durung winimbuhan panuksmaning mani mau, sayekti ora kawawa nandhang sarasaning panon, lire mengkene : padatane wong lagi tindhihen mau, mripate wis kawawa ndulu, irunge wis kawawa ngambu, kupinge wis kawawa ngrungu, mung lesane durung kawawa calathu, mula mangkono, awit pakecapane calathu iku kudu kalawanan dening otot lan balung apa dene raga anggone bisa molah iku uga kalawanan dening otan lan balung, mangka sakehing otot balung durung kataman panuksmaning mani. Mangkono mulane ing wektu ing raga lan swara durung padha kawasa.

KANG NYEBABAKE ANA IMPEN

Ing satengahe wong kang lagi sajroning turu sok duwe impen, mulane ana impen awite mengkene : Nalika raga ing wayah awan ginebug dening daya hawaning panas, panca driya padha pencar, pencaring panca driya temahan mahanani ardaning karsa, arda tumekaning karsa kawawa molahe urubing pramana kang marang angkara, urubing pramana kang marang angkara iku kawawa nyuda padhange, sudhaning pepadhang samubarang kang dinulu, kang kaambu, apa dene kang rinungu ing atase marcapada iku aluse bae kang padha malebu, lebune sakeh kaalusan mau padha cumithak ana ing panon, bareng tumekane kataman daya adem, pencaring panca driya temahan tumuli tentrem, amering panon wis pulih pupule, tumangkaring karsa wis padha jenjem, urubing pramana wis tajem, tajeming urip iku mau kawasa mbeningake mani, weninging mani kawawa nuceni getih, sucining getih kawawa madhangi panon, padhanging panon kawawa mahanani sakeh kaalusaning wujud kang wis padha cumithak ana ing kono, iya iku kang padha katonton ana alaming impen, mangkono mulane ana impen.

WAHANANE IMPEN

Impen iku wahanane katemu ing patang pangkat:

1. Katemu saka ing pepiritan.

Wahananing impen kang katemu saka ing pepiritan iku kaya wong ngimpi weruh urubing geni, katemuning wahanane dadi napsu, karana geni iku dadi pepiritaning napsu. Sapanunggalane kang mangkono iku. Dene impen kang wahanane katemu dadi pepiritan iku, impene wong nandhang susah.

2.Katemu saka ing teturutan.

Wahananing impen kang katemu saka ing teturutan iku, kaya wong ngimpi mbuwang sesuker, ketemuning wahanane dadi kelangan, karana pisahing sesuker iku dadi teturutaning ilang, sapanunggale kang mangkono iku. Dene impen kang wahanane ketemu dadi teturutan iku impene wong lagi nandhang lara.

3. Katemu saka ing wewangsulan.

Wahananing impen kang katemu saka ing wewangsulan iku, kaya wong ngimpi nemu susah, wahanane dadi bungah, karana susah iku dadi wewangsulaning bungah. Dene impen kang wahane ketemu dadi wewangsulan iku impene wong sayah.

4. Katemu saka ing sesemonan.

Wahananing impen kang katemu saka ing sesemonan iku, kaya wong ngimpi omahe rubuh, ketemuning wahanane dadi kapaten somah karana omah iku dadi sesemoning somah. Dene impen kang wahanane ketemu dadi sesemonan iku impene wong walaka, tegese wong kang ora ngemu susah, sarta ora nemahi lara, apa dene ora pinuju sayah.

IMPEN KANG ORA KENA DIWERDENI

Impen kang patang prakara ing ngisor iki ora kena pinardika, karana wahanane wis ana ing kahana, kaya ta impening kang kawasita kang kacakrabawa, kang kaduradarsih, apa dene kang kadarsana.

  1. Impen kang kawasita iku tegese : katajuh, iku impening wong oleh wangsit, umpama tungu wong lara, kang tunggu nuju turu ngimpi dikon nambani apa-apa, iya iku wangsiting dewa, tinambanana yekti waras, sapanunggalane mangkana.
  2. Impen kang kacakrabawa tegese : kacipta ing wicara, iya iku impening wong mentas rerasan, bareng turu kang ginawe rerasan mau kepi.
  3. Impen kang kaduradasih tegese : terus, iya iku impen kang terus ing wahanane, upama wong ngimpi weruh sesotya bareng tangining turu teko weruh sesotya temenan.
  4. Impen kang kadarsana tegese : katulad, kaya ta ing sadurunge turu weruh ula, bareng turu ngimpi weruh ula.
About these ads

One response to “Kaweruh Impen

  1. Pingback: wejangan para wali | akhmadarifin41