WEJANGANE KANGJENG NABI KILIR MARANG SYEKH MALAYA

SINOM

Saking Cirebon angkatnya, Sang Syeh Malaya winarni, lampahe alelancaran, tan ana kaya kaesthi, amung nugraha Jati, inguger granina jejantung, mangalor paranira, prapteng pasisir watawis, mangu mulat lirap-liraping samudra.

Tan ana palwa katingal, anuju kalaning ratri, pakewed raosing driya, deniarsa numpal keli, kalanganing jaladri, nanging merang lamun wangsul, nadyan datan kantenan, teleng ingkang den ulati, mangsah mudya angeningaken wardaya.

Mepeg gelaraning hawa, amung anyipta sawiji, tanjane ingkang sinedya, wonten parmaning Hyang Widdhi, sakala Nabi Kilir, prapta aneng ngarsanipun, apindha lare bajang, ganda ngambar marbuk wangi, duk mangeja apindha gêbyaring kilat.

Syeh Malaya tan kumedhap, dennya umangsah samadi, Jeng Nabi Kilir ngandika, Luwaren pardining budi, aja tambuh sun iki, jatining kang sira luru, Nabi Kilir ya ingwang, ana paran amarsudi, kudu têmu lan jenengingsun samangkya.

Syeh Malaya mudhar asta, gurawalan manganjali, alon wau aturira, Sumangga karsa Sang Yogi, saestu Tuwaningsih, tan kilap sasedya ulun, Nabi Kilir ngandika, Bener aturira iki, sadurunge sajarwa yekti sun wikan.

Sira kesdu puruhita, anenabet kaya mami, dumadine Caibullah, apa bisa anglakoni, sumingkiring asinggih, Syeh Malaya nêmbah matur, Rehning sampun sinedya, abot entheng den lampahi, janji antuk wewengan sih kawelasan.

Dhumateng jasad kawula, pindha sato saumpami, angsala dedalan mulya, Jeng Nabi ngandika ris, Ingsun darma jalari, atas aneng kabegjanmu, lah merema kewala, sun tuduhken nggon kang ening, supayaning weruh maring panarima.

Syeh Malaya pan lenggana, wau ta Jeng Nabi Kilir, sumebut saking panggenan, tan kadya anampel wentos, Syeh Malaya tan kari, tan andangu prapta sampun, ing nggen langkung ajembar, lir ara-ara aradin, kinubeng ing samudra tanpa watesan.

Wus kinen mbuka paningal, Syeh Malaya aningali, panggenan kalangkung jembar, myang samudra tanpa tepi, lengleng reh ing pangeksi, datan wrin elor myang kidul, kulon kalawan wetan, surya candra tan kaeksi, panyanane dumunung jagad walikan.

Syeh Malaya matur nembah, Pukulun Sang Maha Yogi, kawula nyuwun tetanya, punika alam ing pundi, dene tan sarwa mamring, lamat-lamat nyamut-nyamut, nglangut tanpa wekasan, Ngandika Jeng Nabi Kilir, Kawruhanmu ya iki panggonaningwang.

Ora ana paran-paran, mung asunya lawan ruri, teka sira kapi brangta, kaya raganingsun iki, apa kang den ulati, ing kene sepen samun, Umatur Syeh Malaya, Makatena boten lirip, rehning sampun dados kekencengan kula.

Sanadyan prapta ing pejah, boten rumengkang pun patik, Jeng Nabi Kilir ngandika, Sukur yen manteb ing kapti, payo padha lumaris, Sang Syeh Malaya jumurung, lajeng mider lumampah, tan adangu aningali, cahya padhang tri rupa andiwangkara.

Warna abang ireng jenar, Syeh Malaya matur aris, Punika cahya punapa, Ngandika Jeng Nabi Kilir, Pramana araneki, upama aneng sireku, endi kang den piliha, Syeh Malaya matur aris, Langkung ajrih yen boten wonten pitedah.

Datan dangu katingalan, Cahya Pethak anelahi, parek lan Cahya katiga, Syeh Malaya matur malih, Cahya punapa kari, parek lan cahya katelu, Jeng Nabi lon ngandika, Mbok ana kang sira pilih, Syeh Malaya ature dahat tan arsa.

Yen tan kalawan pitedah, Ngandika Jeng Nabi Kilir, Kabeh cahya iku tunggal, kacatur aneng sireki, ya padha ananeki, memarah akarya dudu, kang rupa Cahya Abang, atuduh napsu kang becik, nganakake penginan panasbaranan.

Ambantoni kaelingan, ing kawaspadaning buddhi, dene Cahya kang Akresna, karsane ngubungi runtik, andedawa andadi, pangadhang panggawe ayu, dene kang Cahya Jenar, nanggulang cipta kang becik, sayektine ngegungken penggawe rusak.

Ingkang Putih iku nyata, mung suci tan ika iki, grawira ing karaharjan, iku kang bisa nampani, sasmita kang kalingling, sejatining rupa iku, anampani nugraha, lestari pamoring kapti, nanging iku kinrubut napsu tetiga.

Yen kurang sabar santosa, kena ginuling ing belis, kerut marang panasbaran, yen kuwat tan mindho kardi, kasor dening kang Putih, kang telu samya angratu, Luwamah lan Amarah, Supiyah ginendhong batin, Mutmainah jumeneng Ratu Utama.

Kalegan raosing driya, Syeh Malaya anganggepi, tuduhing Sang Maha Yoga, Marbudyengrat Nabi Kilir, nulya ngandika malih, Heh Syeh Malaya sireku, paran pambudinira, endi kang sira antebi, wahanane kang cahya patang prakara.

Umatur Sang Syeh Malaya, Punapa sampun ngidaki, punika telenging para, tela kinen amemilih, Ngandika Nabi Kilir, Sayekti punika durung, lagi aneng Tresandha, Syeh Malaya matur malih, Sewu sisip ken anampik amiliha.

Mindhak anggegadhang lepat, pan kawula sewu ajrih, yen boten saking pitedah, Lajeng alelampah malih, Syeh Malaya ningali, Urub Siji angênguwung, Wewolu kênyarira, Ora lir peputran gadhing, Weneh kadya ana peputran mutyara.

Dumeling abra markata, Syeh Malaya matur malih, Punika Urub punapa, maya-maya angebati, Urub-e mung sawiji, andarbeni cahyo wolu, Nabi Kilir ngandika, Pangarep Urub-ing Buddhi, iya iku kang Sejati Wenang Tunggal.

Tegese saliring warna, iya aneng sira kaki, tuwin isining pratala, ginambar aneng ing dhiri, Jagad Agung myang Cilik, tan ana prabedanipun, purwaning catur yoga, kang cahya kapat pan sami, iya dadi tandha uriping bawana.

Tinimbangken aneng sira, Jagad Agung Jagad Cilik, isen-isene tan beda, kinarya wahana yekti, salir rupa wus anis, ngumpul mring rupa satuhu, kadya tawon gumana, sawang putran mutyara di, Cahyanira kumilat tanpa wayangan.

Syeh Malaya matur nembah, Dhuh Sang Maha Yogi Suci, punapa inggih punika, kang pinrih dipun ulati, Rupa ingkang Sejati, Nabi Kilir ngandika rum, Dudu kang sira sedya, kang mumpuni Ambeg Jati, ora kena kalamun winaspadakna.

Tanpa rupa tanpa warna, nanging bisa amarnani, Tan gatra Datan satmata, Tan dumunung nggon sawiji, Dumununge kalingling, Kang awas waskitheng semu, Mepeki isining rat, Narambahi ing dumadi, Kahanane yen dinumuk datan kena.

Umatur Sang Syeh Malaya, Dhuh Pukulun Sang Maha Ning, Ulun nyuwun tuduh nyata, dene dereng anggepoki, Nugraha kang sayekti, Nabi Kilir ngandika rum, Heh kaki Syeh Malaya, ingsun pepajar samangkin, den-a rencang pamucunge ing pangancam.

 

PUCUNG

Kangjeng Nabi Kilir angandika arum, den wori pralambang umpamane rasa iki, aneng loteng kang adi-adi punika.

Pantesipun kang loteng umpamanipun, kaya bumbu iwak winor lan iwakreki rasa ati suci ingkang nyata.

Iya iku Nurbuwat sajatinipun, iya iku duk ana, sifat jamal aranneki, yen wus metu ingaranan johar awal.

Diwaseku johar akhir aranipun, ingkang johar awal, ingaku rasa sajati, ingkang akhir sawujud pati uripnya.

Johar iku duk sawujud rasa tuhu, urip tunggal rasa, tunggal johar awal singgih johar akhir sawujud ing uripira.

Johar akhir narima ing solahipun, batin kang sinembah, miwah ta ingkang pinuji, iya iku Jatine Pangeranira.

Iya iku pan ora roro tetelu, iya iku nukat, lan Gaib ing nguni-uni, Nukat Gaib tan ana ing gantinira.

Temenipun Nukat pan jenengireku, sawise tumiba, iku ingaranan napti, ilmu iku sajatine panguripan.

Naptu iku tinarik lan alipipun, alip ingaranan jisim latif pan sayekti, jenenge pan ingaranan ananira.

Naptu iku johar awal aranipun, ing sajatinira urip ingaranan sajati, sajatine ingaran getih kang gesang

Getih urip ingaran Rasulullahu ngalaihi ngassalam, patemon rasa jati,…getih ingaranan sahadat.

Rasa jati rasaning dzat sami wujud, jabrail mukhammad, lan Allah tunggal sajati, telu iku kapatira lang angkara.

Iya iku getih urip aranipun, dene wong palastra, tan ana getihireki, getih iku awaor ilang lawan suksma.

Suksma iku ilang anane kang wujud, iya pada alip aran rokh idlafi jisim latip jatinira……..

Aranipun jisim iku duk ing dangu alip ingaranan, tanpa ngucap tan ningali, tan miyarsa tanpa tingal tanpa karsa.

Iya iku kang alip tibaning naptu, arane dadiya, jinambaran Rokh idlafi, Rokh idlafi dzat Allah tuwin kawawas.

Rokh idlafi gegentining Dzat satuhu, alip iku uga, eneng johar jabar jere(i), pujinipun ran kalam birah nama.

Birahine iangaranan Allah iku, tan roro wujudnya, sapa weruha yen dadi, yen weruha tan ngarani namanira.

Marang Rasul yen tan ana sira iku, ingsun ara ana, …kang Allah sayekti, iya sira ingkang ngarani maring wang.

Sira iku iya tunggal lawan ingsun, ingsun iya sira, …iku iya mami, iya iku tarbukaning rasaningwang.

Sira iku iya donya (a)khirat uwus, amengku sadaya, heh syekh Malaya sireki, dipun eling jabar jere alip ika.

Aja luput ing logat “tanangsubipun, babaring kahanan, aneng ing wujud idlafi, …den Anggambuh den wardaya.

GAMBUH

Mungguh ta yektinipun, semuning alip iku amengku budi jati nir vikara jroning budi, nglairaken birahinipun, amicara tunggal karo.

Kar…” tunggal sawujud lawan karone pinuku dudu, iya iku budi johar aranneki iya budi iman iku alip puniku sayektos.

Tumiba maring naptu sajatine ingkang alip iku, sarwa ora arane ingaken kadi iya budi iman iku alip iku mangkono.

Kahanan satuhu kang johar awal sayektinipun, ingkang johar awal pan kahanan jati istinya junuf punika jabaning johar kinaot.

Sung ganda lan warneku kang johar awal ing nguninipun iya iku tibaning naptu sajati, urip tunggal jatinipun, jroning johar awal kono.

Urip kalawan lampus ya sajroning johar awal iku, lah panggene sembahyang aneng dunyaki lire ing dunya punika mangku purbaning dumados.

Den kawangwang satuhu yen naptu gaib aneng sireku, lah panggene sira ngadeg neng dunyeki sidakep kalawan mangu marma ne sidakep kang wong.

Tunggal kahananipun tunggal solah prabawanipun wicarane tungal pangucapireki wedhar tangan nuli rukuk kasaru tibeng kono.

Tumetese kang banyu, banyu kang suci wening umancur enengipun madi uriping sakalir yen rukuk karana iku iman saderah kinaot.

Ingkang cahya puniku, aga paran ing sasmitaning iya iku patemoning rupa jati, rupa Dzat satuhu Dzating Hyang suksma kang elok.

Dene ingkang rumuhun sadurunge buni langitipun ingkang ana dhingin pan ananireki, ing dunya (a)khirat sireku mangkono lire sayektos.

Nanging lamun wus weruh, den awerid warananireki, ati ening telenge ingkang premati, yen ngebreh kawur balawur atiwas waskitaning doa.

Awit basa punika ora kena linair yen durung papan empan apan neng pasepan sepi supaya weninging hayun angganteng mantheng sanalika salin nggo.

Bale kencana luhung amawa cahya adi nggeguwung sen isene jaga wus tn ana keksi pepadange tuwaluwung, Syekh Malaya matur alon.

Dhuh dhuh Sang maha wiku bale punapa kang katon mancur dene wau sapa sepi suwung maring tan wonten bale kadulu teka mangke angeborong.

Raosing badan ulun nikmat manfaat ingkang tinemu mboten arip lan mboten angelih, Nabi Kilir ngandika rum enggone batin ing kono.

Sajatine ya iku, karaton kang nugraha linuhun lamun katarima rinilan ing wadhi ora sarana linuru, iku sajatine kawruh.

Yen janma kana wus putus tetep palitis terus rumasuk bisa ngasuk angrasa kang den renggoni sangka paran wus kawengku.

Kang binoyong puniku yekti kadhaton kang wus dumunung aneng sira karana jatining pati, kang amati iku napsu suksmane murba maring don.

Ing mula mulanipun beda lawan janma kang durung wruh migeg migeg mbegegeg tan bisa budi melulu kacambah watu nanging dadi hawa.

Amaning urip iku, yen kalarap mbok kaliru surup, surupae gineret maring ibelis embuh-embuh kang binuru, kadi kapa tening sato.

Syekh Malaya umatur, yen mekaten ing sabda pukulun, ulun sampun tan nedya awangsul malih, pedah punapa dunyeku amung susah lan rekaos.

Kathah rubedanipun, beda beda temah karya dudu, balik ngriku reribet tan angribeti nikmat manfaat tinemu karaos raos rumaos.

Jeng Nabi ngandika rum, ora kene mangkono karsamu, pan kasiku maring Hyang Kang Murbeng Pasthi, durung masa kalinipun datan anggene nggon.

Iku anyumpet tuwuh, uwit kanane sarana lampus marma sira kena dumunung ing ngriki, pratanda nampani wahyu besuk bisa kaya ingong.

Nanging tan kena mbanjur sarehning iku sira wus weruh sarahsaning gaibing Hyang Maha Suci wus amung samono iku pada andum karahayon.

Ya ta sasampunipun, bale kencana datan kadulu, pareng musna kalawan Jeng Nabi Kilir, Syekh Malaya apan sampun wangsul alame kang manggon.

Katon babaranipun keblat papat ing angandhap myang luhur lawan Sang Hyang Diwangkara amrambani, jagad sagara myang gunung antaranira tan keron.

Aneng tepining laut Syekh Malaya angen angen ngungun dene ing pandulu lir sarahseng ngimpi keplese pan wus kacakup, sangkep sangkan paraning don.

Upama sekar kuncup mangkya sampun musane cumucup ngambar-ambar gandanya kastuti jati, ing wasana lajena kondur tan wangsul dateng Cirebon.

Mring padamelanipun, Kalijaga pan lajeng misuwur, Syekh Malaya anrus kadibyaning ilmi lajeng dadya imam agung pra alim marsudi kawroh.

Syekh Malaya kasebut, apan saking padamelanipun nenggih Sunan ing Kalijaga wewangi, mangkono caritanipun wallu Allah kang kinaot.

*) Buku Wejangan Walisanga
(karena buku sudah sedikit usang apabila ada tulisan
yang salah mohon diberi masukan...Terima Kasih)
*) Sebagian terjemahannya bisa dilihat disini dan disini
*) Hal terkait: Suluk Linglung (Alang-Alang Kumitir)

8 responses to “WEJANGANE KANGJENG NABI KILIR MARANG SYEKH MALAYA

  1. seharusnya gak perlu di posting lewat internet,
    sbb warisan leluhur yg harus dijaga bukan utk disebar2kan
    opo orak isin?

  2. Salam Sejahtera Selalu

  3. Lanjut pren..ingat slalu ja merah..beri pengetahuan yang lebi banyak lagi sesama saudara/krabet yang nyambung..

  4. chozin asror

    alhmdlh.saya suka dgan wejangan leluhur yg dah banyak yg hilang.sebagai pelengkaq ajaran agama islam.saya brhrp pd beliau beliau yg menyimpan wejangan2 luhur.sudi kirim alamat webnya ke email saya.agr saya dpt mempelajarinya.mksh lomnya q ucpkan pd pinesepuh smua.jazakumulloh khoiron jaza.amiin

  5. adakah yg dimaksdud gelar gulunge jagad?
    trims

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s