Macapat

The Bharatayudha Arena

Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal

Aji Pamasa

DHANDHANGGULA

1. Mangkya nenggih sastradu nayadhi, tinilingna walering darana, ywa sisip ing pangertiné, janma kudu mituhu, pratélané sapta pracèki, lamun dipun upaya kinemat ing kalbu, samubarang kang linakya, sarwi mapan nora badhé damel tuni, suka tentreming rahsa.

2. Kang ginelar wyataning suyati, tlatènana kang pitung prakara, amrih dadi lantarané, datan gampil kinelun kalulun ing wawatak sisip, linepat king deksura tinebih panyaru, tan damel pilalaning lyan, kosok-wangsul wèh ayem dasih sadyèki, temah manggih raharja.

3. Apa baya kang pitung prakawis, sinirika cidra lan pitenah, yèku warah kapisané, kaping kalih puniku, dyan sentana ywa dèn alingi, sagung tumindak lupa winastanan luput, ping tiga ywa mawang kadang, pangadilan jinejegna kanthi titi, tan pilih-pilih janma.

4. Catur angger ugering prarepi, tan mélik mèt artaning punggawa, dalah mundhut putrèstriné, dé kaping gangsalipun, aywa nganti anglalarangi, olah pangupajiwa sasamining manu, songgarunggi mring kawula, dèn ugemi pitutur kaping sat niki, pinuntua ing driya.

5. Kang wusana pitutur saptèki, lamun ngambah margining utama, udinen mrih lestariné, nora gampil kayungyun, kapiluyu lampah basiwit, tan remen cacaketan klayan watak margu, sirik cengil pasulayan, anebihi gegelah regeding bumi, nging pedak kautaman.

6. Mangkya kiyé gelaring pangerti, paugeran kang pitung prakara, istingarah munpangaté, piguna mring kang ngluru, dadya tales tanduking karti, prenah prandéné laras salir tindakipun, mahanani kasudibyan, temah kalis watak umbag klawan edir, sinantun paramarta.

7. Pradikané wawaler pratami, kang sinebat cidra lan pitenah, winedhar wiyar tebané, suka serep ing semu, seserepan wiraos prati, damel padhanging prana nebihken bebendu, nuntun mring lempenging lana, istingarah kang tinuju tan nalisir, nalusur woting darma.

8. Pracékané janma luhur kaki, datan arsa guna pasang kala, njijiret sapapadhané, tan bungah lamun nemu, siku dhendha nlikung sasami, nora ngungalken jaja yèn asanès lesu, datan asurak susuka dupi miyat panandhanging sapadhèki, luluh welas nalangsa.

9. Tembung cidra sinawung punagi, ngandhar-andhar winuwus nglengkara, péndah madu mamanisé, nging sapawingkingipun, nggémbol upas kang niniwasi, nukulaken panandhang tuwin tilar latu, raos bentèr nguntar-untar, wisayané karaos awrat ngantebi, lir kanteban antaka.

10. Ywan wus wani nglairken prajangji, poma-poma dipun tetepana, netes sagung pangucapé, nora lèmèr ing wuwus, nguwus-uwus tan ana dadi, tetembungan dèn arah jumbuh kang sinaguh, tumapak ing lalampahan, datan lumpuh karana kaot sinanggi, wèh sengsem mring tyasing lyan.

11. Lamun sumanggem tanduking gati, dipun éling niyat kang utama, pinurih saged rampungé, tékad kang wus pinuntu, aywa wudhar tanpa pangaji, wawataking satriya sirik colong playu, datan ngucirèng ngayuda, andhepipis ndhelik winengku raos jrih, nilaraken palagan.

12. Panjangka kang dadya lenging ati, antepana minangka ubaya, pinétang utang èstinè, lamun maksih linuru, kaanggepa dèrèng nglunasi, siyang-ratri tan kendhat nggènipun dhedheku, nunuwun Hyang Murbèng Suksma, istingarah gung pangajab temah dadi, tan cidra ing ubaya.

13. Jejering titah sawantah kaki, mokal lamun kalis ing sasanggan, kang wus dadi pepesthèné, milaur urip iku, amituhu kanthi taliti, tegen rigen pralaga tlatèn miwah tekun, tan bosenan nora wegah, angugemi pakaryan kanthi permati, teguh maring bebahan.

14. Lamun sirik watak ngadi-adi, tlunyar-tlunyur miwah lèlèmèran, dhemenyar pepénginané, tan kablithuk pandulu, gampil sengsem kang katon èdi, nanging mugen manunggal genah kang tinuju, nering laku nora léngah, istingarah andika manggih basuki, linepat saking papa.

15. Kénging winastanan cidra ugi, karem donya wah malih pangwasa, nanging mamak wawatesé, tan darbya raos rigung, kanthi nranyak ngrabasa gahi, nyahak wewenanging lyan kécalan pakéwuh, kang dèn bujung pakareman, watanira suker tan béda wewerri, buteng ribeng krodhanya.

16. Paran nggènira nyepeng sumangi, setya tuhu bekti mring Hyang Murba, ywa cidra gung pepecehé, prancana tan dèn ugung, temah ndadra misésa wathi, tundhonipun nalangsa nalisir king wangsu, tilar salir manah sonta, kusung-kusung kemrungsung kécalan santi, angulari papaka.

17. Dipun tlatèn samya angulari, murih dadya manuswa bisama, ywa gampil mupus tekadé, ywan rumpil lampahipun, upayanen kanthi sasmreti, saswih maring Hyang Murba tumus sanggya manu, tebih saking tutur cidra, nging maujud datan mandheg katamarti, satemah pinitaya.

18. Menggah tuduh ingkang gung utami, kanthi wijang kawrat sastracetha, tumètès kadya kusaré, rinumpaka ing tembung, basagita adi wigati, susmaya prabaning Hyang abyor cahya kitu, kang anecep wurukira, dhépé-dhépé gilig ing prana maniwi, kasmala binirata.

19. Poma éling swawi dipun luri, pranahara jatining manuswa, titah sawantah jejeré, cidra mring karsèng Ulun, iku teges nggénjah papati, apesé ngemping lara nyanyadhang bebendu, datan uwal king cintaka, ngundhuh wusa wisaya dadya mangangi, gesang datan piguna.

20. Sasing janmi swawi angupadi, dimèn pana tuduhing Hyang Suksma, aywa mblasar tumindaké, tan kéragan mring napsu, temah dyusdha niyak wastuti, nginger-inger wawaler mamada sastradu, leheng meleng mring pranamya, angulati bebener ingkang nayadhi, tumus dugèng dalaha.

21. Mangkya cidra tumraping akrami, jalu gini datan ana béda, kénging winastan pracoré, lampahnya pindha margu, undhuhané mrawata wèsdhi, basan pranamèng kapi wruh rukem kayungyun, lupa upasing walika, ngindhik-indhik pamrihé damel papati, mamanisé wisasa.

22. Wanti-wanti peceh parahati, pisan cidra angèl anguwalna, kumudu kang kapindhoné, katri wus kadi wuru, temah wasa nering prajangji, sengkeraning pralaga datan ana wèstu, parnoh sagung tindakira, kang dèn uja tan liya dityasmaraji, rongèh tansah walisah.

23. Wawaler tumrap sanggya pawèstri, ngumbar gujeng kucah liring nétra, adol ati sapa baé, dhadasar badan lugu, dupèh èdi ngelam-elami, kasukan kang binujung atilar pakéwuh, tan mangabisatya mring raka, lamun limpé ngaluyur ramban taruni, angrarantam pracéka.

24. Pan wus dadi sasakiding parwi, cegah hawa tahen ring prancana, rumaket-raket sasambé, was maring kakung tuhu, abiwadha setya hastuti, dyatmika neng nayadhi nging sirik salingkuh, tutura angarah-arah, ririh raras sinuprih katon mrak-ati, tansah saswih ring garwa.

25. Nora béda waler ingkang sami, tumrap priya kang wus balé wisma, burusa lair batiné, asisipat memengku, lubèr ing sih sarwi ngayomi, dadya gapiting braya ywa mingkuh pakéwuh, pantang pepes batosira, lamun manggya kèh sambé-kalaning margi, jroning gesang punika.

26. Dipun èmut ma nenem puniki, dhihin mantep ing pamilihira, ping kalih madhep atiné, katri marem mring jatu, kaping paté mawang ring rabi, pinindhakna wawadhah ringkih kaotipun, kalima mangabiwadha, garwanira dèn papanken rowang padmi, kanem mardawèng budya.

27. Poma-poma kenceng dèn cepengi, traping laku minongka manggala, catur wala pepindhané, sona ing setyanipun, myang turangga cukat ing karti, dwipangga datan kéguh saguh kang ginayuh, brekiti ing sregepira, siyang-ratri makarya tan wènten sepi, swawi dipun tuladha.

28. Aywa pisan cidra ing prajangji, tilar garwa kapéncut ing liya, awit awon pinanggihé, manah gampil kayungyun, kasulistyan aniniwasi, adhakan dadya tuman angèl mantunipun, lamun dipun turutana, amengangah ngangah-angah saya ndadi, becik dèn singkirana.

29. Kakaroné kasengsem tataki, tuhu bekti nggigilut wiyata, murih dadi lantarané, tentrem ing brayatipun, tumus harja miwah basuki, sumrambah tedhak-turun sapawingkingipun, sadaya samya pinerdya, dimèn pana warahing luluhur yekti, temah kalis rubéda.

30. Sabanjuré winedhar sastradi, apan baya winastan pitenah, nyarwètèh kedaling lambé, ngrarakit tembung lunyu, amemada sarta ngadili, ngumbar panyatur ala kèh panacadipun, alaning liyan dèn andhar, kaya-kaya beciké tan ana sami, klayan dhiri pribadya.

31. Tyang kang remen mbèbèrken wawadi, lir karaba muleg ing akasa, anguwus-uwus wuwusé, basda winewah bumbu, pamurihé saya wigati, sanès kinarya lalap uraping panyatur, nukulken wijining tikbra, dyan pracara ukara datanpa bukti, iku watak katbuta.

32. Tembung sisip sinusup kasisip, murih bisa sasap ing sasama, samakéyan sasolahé, kudu unggul binuru, nora ngétang katala sami, lumuh lamun prawadha kalindhih ing semu, mangungsir mrih kasumbaga, ancik-ancik kunarpanirèng sasami, jail lampah candhala.

33. Amemada sisiping sasami, nora béda gandaning kusana, lir bathang ingkang wus lungsé, bacin lamun dèn ambu, anderbala mbabar wewerri, parandéné si punggung pambeg wah kumingsun, kadi hakim kusalanya, angadili sapa-sapa ingkang wèsdhi, kasereng lir katwara.

34. Dipun émut ywan namung sawiji, ingkang yasa sanggyaning prarepa, tuwin jumeneng hakimé, tan liya mung Hyang Agung, kang kagungan gung kasugatin, misésa palimirma miwah paring bendu, dé manuswa iku sapa, kumawani kumlungkung ngadil-adili, tumanduk ring papadha.

35. Poma bisa mapanaken lathi, datan lèmèr ngumbar-umbar kata, kanthi permati empané, wit kasunyatanipun, ilat iku lir wisa mandi, dhahat karya sangsaya punapi kasumbung, lamun kalintu trepira, ing kawurya pranama adamel tuni, katiwang ing papaka.

36. Èmperipun kendhali turanggi, dipun trapken jroning cangkemira, sanadyan alit wujudé, ywan pinekak satuhu, temah gampil dèn kemudhèni, tumrah badan sakojur tan liya mung manut, makaten lidhah sanyata, dyan mujudken pérangan badan kang lengit, nging misésa mring janma.

37. Kadi latu nyalat wreksa langking, dyan sapletik bisa ngambra-ambra, temah mbesmi alas gedhé, makantar urubipun, ngalad-alad ambilaèni, ilat iku tan béda kadya hagni tuhu, lir jagading kadurakan, kang dumunung jro jiwa-raganirèki, dadya sangarakalya.

38. Angrèh sato teka langkung gampil, buron wana peksi raja-kaya, dalasan saisining wé, saged kadamel lulut, tan mangkono ilatirèki, nyata kalangkung lungit ywan kinarya tutut, pindha krodhaning denawa, nyembur wisa wisaya aniniwasi, surata siya-siya.

39. Klawan ilat padha muji Gusti, ngidung dhikir ing sawayah-wayah, kadi brahmana anggepé, kaya- kaya manekung, angèmperi panatagami, nging klawan lidhah ugi nyupatani manu, mijil king tutuk sajuga, ipat-ipat punapa déné wastuti, muspra datanpa guna.

40. Jihwa pindha landheping bedhami, lamun linga muwus ngayawara, pasulayan undhuhané, nyebar wijining tatu, datan mokal wawalar ndadi, nora gampil pineper kalamun katrucut, andhatengaken braminta, saraga gung ngebeki jro tyasirèki, lengka kang rinaosna.

41. Lir kusara mrentul wanci énjing, sumberipun saking alam raya, sung seger tanem-tuwuhé, watak asih tan sengkung, dadya daya ingkang nguripi, makaten imbanipun lidhah ingkang wèstu, nètèsken sarkara soba, sarasati binawa amangastuti, ngenut pangrèhing suksma.

42. Nadyan namung pérangan kang lengit, lamun mogèl mobah jroning latha, ananawur sarawa gé, kang dados panènipun, sakelangkung anggigirisi, waged dados kabegjan kalamun pituhu, nanging kosok-wangsulira, amangangi kalamun nyenyebar branti, pramila kang bisama.

43. Kang wasisdha tansah angulati, mring bebener wucaling bremana, sinartan manah kang sarjé, kasantyan kang dèn bujung, mekak hawa laksita juti, lidhah dipun kendhali tutur tan kalantur, sumimpang sagung pitenah, awiwéka mrih dadya harjaning janmi, yèku manuswa tama.

44. Salir wawengkaning janma singgih, tinalesken wisiking Hyang Suksma, kang kaajab mung bahagé, rurumpakaning wuwus, was winawas kanthi premati, leget mring kautaman priyatna ing tembung, wèh sarsa maring sasama, sèstu soba suka wicaga ring dasih, dharaka pramusita.

45. Pan wus langkep lingkabing pramodi, menggah warah cidra lan pitenah, dipun ening panampiné, lebetna manjing kalbu, dimèn menep jro sarasati, dadya daya paraya salir dhasdhi langut, langet langkananing lana, leng lumingling ngluluri pranamya dhani, ngulari rèh sampurna.

46. Mangkya dungkap warah kaping kalih, ywa ngalingi luputing sentana, awit ageng durakané, babasan ngingu-ingu, pringga dhusdha mutawatosi, walagang nggènnya lumung ywan datan kapugut, ngreregedi janaloka, wusna anjrah sulurnya angririsaki, wohira gung rudita.

47. Lumingkabing wawaler puniki, wus winedhar déning pramudika, tilingna kanthi luménggé, resepna kang satuhu, temah dadya daya basuki, ukara rinumpaka jroning sekar Pangkur, prihé sami pinungkurna, sagung trékah kang cengkah klayan prarepi, swawi dipun gatosna.

kawula, pinitaya dipun aji, temah lulus sempulur kuncaranira.