ASMARADANA

The Bharatayudha Arena

Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal

Aji Pamasa

 

ASMARADANA

76. Tanasing janma utami, ingkang tumrah gesangira, mring pakeken datan andor, ngugemi sagung wiyata, winedhar sang twijara, mahnani gancaring laku, linepat salir rencana.

 

77. Aywa nganti atatawing, ngandelken kadang sentana, dupèh maksih dharah dhéwé, nanging pasemoning nitya, tan kénging pinitaya, rongèh jlalatan ing semu, tan pantes sinung kawiryan.

 

78. Dyan kadang lamun tan becik, nora untung rinaketan, bisa dadi kajalomprong, angajak-ajak sangsara, tiwas tuwas wuntatnya, wasna kaduwung ing kalbu, nanantya datan piguna.

 

79. Ruruh rentahing andani, pinaringken ring sasama, kang amiji karsèng Katong, tuturasing kretiyasa, pantes dèn pedakana, tulakang dadya babayu, kukuwating anggyanira.

 

80. Saking pasemon wus kèksi, wawantuning taluwanwa, remen narajang papakon, polah-tingkah sarawéyan, tan jetmika ing budya, gumuyu rasan sarwa sru, raos lingsem datan darbya.

 

81. Boten wurung tumut isin, winirang lampah dursila, nir kretyawan datan kalok, kèmbèt awoning sentana, murang kèhing pranata, kawurya tilar talutuh, temah angundhuh cintraka.

 

82. Alelengis sarwi rukmi, busana mawa lengkawa, pambeg ladak lumuh anor, rumaos trahing kusuma, pantes sinudarsana, iku wateké wong kumprung, kapengkok nora sembada.

 

83. Lamun ngrentahken paparing, kukucah gung kamirahan, jroning tyas adil kang dumon, nora mawang béda-béda, dharah punapi liya, piniji ingkang tuwajuh, bangkit angéntasken karya.

 

84. Lumingling sagung kajatin, datan kalèntu garjita, patitis salir pepunton, nora kawuh ing pangrasa, tulya kujanapapa, sung kawiryan maring bandhu, mongka lengka twasanira.

 

85. Dyan sanès darbé kawanin, tangginas ngrampungi karya, lumrah pinaring pambombong, sokur bagé linubèran, sarna donya sosoba, swawara asih sawegung, kadang konang binucala.

 

86. Ywa karya tyasing lyan kanin, wit paparing tan warata, pilih-pilih ingkang kanon, singa celak kang kadrasa, tebih nora tinenga, iku patrapé wong pengung, ngembrah dadi taluwanwa.

 

87. Sumimpanga king durniti, dumarusa myang diggama, bubujeng pamurih kalok, kakadang dinadya bala, asanès winiruda, daridya undhuhanipun, pawingking manggih katala.

 

88. Kalamun datan sawawi, bisa mengku saniskara, manah rupak nora kamot, teges sanès trah ngawirya, becik lamun rumasa, ngembat wisésa tan saguh, milaur mundur kéwala.

 

89. Dipun émut aja dumi, lagya darbé pangawasa, dériti marang sakèhing wong, nanging sanak- kadangira, dèn papanken ing ngarsa, mongka tan pengkuh ing kéwuh, makarya nora kawaba.

 

90. Tilingna ning ing kawathi, patitis pamawasira, gatosna ingkang sayektos, lamun paparing wisésa, aywa mawang sentana, kawanin suba tan sengkung, iku dinadya pramoda.

 

91. Kathah-kathahipun janmi, twasa kalimput dureta, wuru dhumateng pangwaos, mumpung maksih amisésa, morang sakèhing tata, sanak-kadang mitra-karuh, linenggahken papan éca.

 

92. Boten lingsem ing durniti, jirèh ingangkat kretyawan, lenggah twijara tyang parnoh, pandhir dinadya pangarsa, pingging sinuba dwija, ngangsu kawruh mring tyang blilu, mung krana maksih sentana.

 

93. Lagya kalampah samangkin, ing jaman kala katwara, mundhak-mundhak ing pakéwoh, néréndra nir ring sudarsa, bucal lampah tatakya, rèh praja déning babandhu, tilar warahing pujangga.

 

94. Darbéning lyan dèn talappi, kasereng nunten kawirya, sareng sentana sapunton, sarujuk jajarah samya, daruti semunira, tan béda bebegal lamun, naracak miwah ngrabasa.

 

95. Èwon-èwoning wong drengki, guyub ngambah durniminta, sugal diksura dèn soroh, sakadang cepeng wisésa, praja dadya puwara, garwakara sugih galu, kang nandhang wong sanagara.

 

96. Ywan wus kukumpul nyawiji, dundum brana duratmaka, béda apa tiyang awon, suka-suka sagendhingnya, nétra kawuh tan menga, suthik wruh roganing manu, tinengen mung kasukannya.

 

97. Dudu patraping wong singgih, mirungga maring sentana, mawang kadang lamun andon, suka dalajat pangkatnya, tanpa panitipriksa, kang winiyat dupèh bandhu, sanadyan sisipat dura.

 

98. Lamun mangsa kala dugi, jugar tataning puraya, gesang saraga wah kasor, drasa kaleban kasmala, kawurya dadya ura, ririsak datarpa duwus, katala katiwang marga.

 

99. Mring sasama gardhawari, aywa pilih-pilih jalma, sadaya titahing Manon, datan remen karya pringga, nging pinurih énaka, kasaénan amemengku, kawaba nandukken dardya.

 

100. Lamun becik mring sawiji, mongka gething dhateng liya, iku winih ingkang awon, remen anyelir sentana, mring asanès durcara, raos mèri ingkang thukul, tulakang panèn kasmala.

 

101. Nandukna bebener ugi, boten kénging kawa-kawa, tan mingkuh saking wawaton, miling-miling dupèh mitra, lilingen kang prakara, linimbang-limbang satuhu, kanthi lungiting pangrasa.

 

102. Nadyan tedhaking acedhis, nanging bener pratikelnya, pantes kalamun linakon, kosok wangsul dyan sentana, nging kasingsal ing budya, tinurut temah kalintu, nyimpang margining utama.

 

103. Mlarat donya datan pasti, asor ing bubudènira, makatena tiyang kalok, tan wastu luhur ing nala, becik lamun saranta, tinaliti kanthi turut, patitis pamawasira.

 

104. Pétanana kang priyatni, pundi titiyang pranamya, pratingkahipun tan parnoh, paraya anteng garjita, prayoga purugana, nora krana maksih bandhu, nging pradana pangawruhnya.

 

105. Miyat sudraning sasami, marma manah tinarbuka, thukul welas tan pitakon, maksih kèmbèt apa liya, iku nora prayoga, becik legawa tutulung, lila mardawa ing budya.

 

106. Wageda dadya palupi, jumbuh turasing ngawirya, nuhoni jejeging pakon, papakeming puruhita, janma paramatatya, madhangi kang puru-puru, ngruwat sanggyaning piroga.

 

107. Lakon jaman kalasrenggi, trékahé tiyang candhala, kadi réwanda saranggon, gendhon rukon tindak dhusta, tan ana jrih duraka, ywan lepat tutup tinutup, pinurih tan kawistara.

 

108. Wus sinerat jro pepesthi, tekané jaman drubiksa, nora maèlu piawon, sanak kadang dalah yoga, wuru kayungyun arta, wengis mamalak ing pémut, suthik nilingken wasita.

 

109. Mengker mangsa danawa ji, maksih tilar wawantunya, tan gampil luntur winasoh, santun ingkang baureksa, tindakira tan béda, srakah kethaha lestantun, ngungumbar saliting hawa.

 

110. Saking iring wétan semi, muncar-muncar poladannya, nging paéka kang dèn gémbol, ngimpun- impun sanggya mitra, sarana suka purba, cinegah lumawan sampun, ngogak-ogak pangu-wasa.

 

111. Kinarya kudhung agami, mangka wawaton dèn prusa, iku nyanyadhang pakéwoh, kang nunggil winastan bala, béda dèn anggep mala, temah puraya tan wèstu, dredah bangsa padha bangsa.

 

112. Tyang pengung mangrèh nagari, tindakipun dumarusa, nora jejeg mring wawaton, wit tan jajag rèh waskitha, mung bubujung hartaka, kaleng-gahan miwah dhatu, tilar waspaosing prana.

 

113. Pasemonnya ladak edir, mangathik kadang myang mitra, lirwa wisiking Hyang Manon, supé harjaning kawula, remen lamun pinuja, pangiring samya anglulu, pamrih antuk kang dèn sedya.

 

114. Pungkasing jaman dériti, lamun bénjang ana janma, mijil saking jro wewengkon, sudarpa asidikara, wadana ning susmaya, tan mawang kadang satuhu, adil tuwin paramarta.

 

115. Tyang kang mlarat datan langking, sugih tan mangéran bandha, migati mring sakèhing wong, suthik nenengen sudara, adil sagung prakara, tebih mélik cegah napsu, mungkul mring Hyang Widi-wasa.

 

116. Wus tan kapéncut ing daging, alus sakelangkung lembat, agal donya datan kamot, sasat Pangéran maraga, ngrucat salir angkara, jro riribed sonya tuhu, pupuja ngéntasi karya.

 

117. Meleng gilig kang dèn udi, harjaning rastala samya, datan kasengsem pambombong, kang damel rupaking jangka, nora mangathik jana, priha tindak tan kalintu, lepat boten kawistara.

 

118. Dungkap pungkasing wigati, wawarah mangrèh puraya, mirid karsaning Hyang Katong, sinambet wedharing weca, gelaring tanah Jawa, dyan mung samrica binubut, pantang lamun dèn badala.

 

119. Sinuprih tan morang margi, uwal saking lenging widya, suka pémut mring kang mirong, nyinyingkur aji pamasa, angedirken pangwasa, jinugag lingkabing wahyu, sambet wyataning twijara.

 

120. Piwucal catur puniki, prakawis mèt donya brana, kalayan angudi wadon, gegaran wenang misésa, tan luput ginayuha, mring panguwaos gumendhung, sapa wani mancasana.

 

121. Asring dadya ciri wanci, ingkang lagya amisésa, pongah awawatak rimong, nubruk buron ingkang ringkya, minongka tatadhahnya, makaten tyang alit iku, dèn mangsa nora suwala.

 

122. Menggah lengkeping kintaki, kacetha pupuh lajengnya, rinumpaka sekar Sinom, dyan kawedhar sakadarnya, manut gaduking nala, paripaos timun wungkuk, kinarya imbet kéwala.