GAMBUH


Sing sapa unggul pupuh, amateni mring si baya-pingul, gentenana sadhela jumeng aji, luwarana punagiku, sarpogung turira alon.
Tan lengganeng ragengsun, anglampahi pasang giri prabu, nanging lampah amba punika tinuding, wusing nyirnakaken satru, ngulati pacangan katong.

Rehning dereng kapangguh, Prabu Rara angandika arum, pacangane ramanta pan ingsun iku, sira munjuka sang prabu, ngulati pacanganingong.

Yawa krama liyaningsun, nanging andadekna kawruhamu, ramanira tan widada madeg aji, namung tigang warsa puput, ginantyang kang darbe kraton.

Ing ari Budha besuk,lek purnama Galungan kang wuku, dak aturi tedhak mring kadhatuon mami, sira sun rabekken kulup, oleh Balorong yu anom.

Dhaubnya tan cinatur, langkung rame ing wahawipun, ing dharatan pageblug ageng (n)dhatengi, wusing dhaub madeg ratu, sapta ri gya pamit gupoh.

Linilan pamitipun, myang winisik kang badhe tinemu, ing sarira miwah jangkaning nagari, purwa madya wusaneku, welingira wantos-wantos.

Sri putri malih muwuh, Linglung Tunggulwulung jujulukmu, tembe sira karsaning Hyang angratoni, lelembut ing gunung-gunung, mring sira angangep katong.

Kala patembenipun, sira dadya ngalamat satuhu, dauruning jaman myang kertaning nagri, wis mangkala sira kulup, garwamu rara Balorong.

Menek ngrebeti laku, lah tinggalen neng kene rumuhun, sira aja metu marganira lami, teleng saodra kapungkur, ambles ing pratala gupoh.

Neng Pasundhan anjebus, ambles malih (n)jebus wonten Kuwu, ing Carewek Mandhikil jebusnya malih, sampun celak nagrinipun mlampah dharatan nalosor.

Dumugi praja (n)ujug, kapatiyan wus kerit lumebu, dupi prapta ngarsa nata mangenjali, kyana patih makidhupun Tunggulwulung analosor.

Lampahiro ingutus, sampun katur purwa wasaneku, Prabu Jaka langkung trusthanireng galih, wus inganggep putra prabu, ginanjar makutha kaot.

Agemira sang prabu, buntut untu atanapi siyung, binrongsong mas tinaretes sosotyadi, sisik linapis mas murub, kalung sosotya mancorong.

Myang pinaringan cupu, asthagina isi lisah kayun, kuwasanya yen wonten sarpa ngemasi, tinetesan lisah cupu, gisan malih lenggak-lenggok.

Sinimpen wonten buntut, myang musthika naga kwasanipun, sinuyutan sakehe sarpa sabumi, dumunung ing cehtak murub, dhawuh dalem sang akatong.

Eh sakeh wadyaningsun, piyarsakna samengku si Linglung, ingsun junjung pangkat pangran adipati, manggon ana Tunggulwulung, wus kulup mundura gupoh.

Aywa kusiweng laku, lah araken lakumu si Linglung, lan reksanen sacara-caraning janmi, pangran dipati wus mundur, ing marga tan winiraos.

Mandhireng Tunggulwulung, dupi antuk sawarsa sang Linglung, anelasken iwen wus katur sang aji, gya ingelih dalemipun, myang winulang rama katong.

Ing ngelmi agal-lembut, wus kacekap tan ana kalimput, Tunggulwulung tapa mangap neng wanadri, awit sangking laminipun, badan kathukulan bondhot.

Nglenggirik kadya gumuk, ical sipatira taksaka gung, tutuk kadya wiwaraning guwa wingit, wus mateng int tapanipun, manungsa tan ana weroh.

Karsane jawata gung, nuju deres jawah gumarubuh, wonten rare angon sasanga kehneki, kajawahan samnya ngaub, neng tutuk sang naga kinaout.

Kang wolu wus umangsuk, kang satunggal sinikang tan antuk, gya minggah ring kleres gigir ngangking kudhi. memrang siti marengkul, guwa mingkem kadya angob.

Rare wolu kang ngaub, sareng samya pejah tanpa muwus, kang satunggal wonten jawi merang gigir, ingal lumajeng umantuk, mring sudarma awawartos.

Tandya kunjuk sang prabu, sri narendra sakalangkung bendu, gya adhawuh kinen mantek wesi gilig, angkemira Jaka Linglung, supadi pejag ing ngenggon.

Wus pinantek kang tutuk, Jaka Linglung tumeka ing lampus, lah punika cariyosipun muni, atatanya Gathak Gathuk, athik ula kaya uwong.

Le nyembah niku prehpun*), Rara Blorong kacariyos ayu, pinaesan saya wimbuh amrakati, Jaka Linglung sigit bagus sinewahan mawi topong.

Wong gepeng sirahipun, kados pundi kekahe punika, ah wong criyos wikana nyatane nguni, tamating cariyos bangun, Gathak Gathuk adan Suboh.

Wus samya wektu Subuh, sabakdanya Subuh ngandika rum, lah kiraka wawi ulun ayun uning, patilasan Tunggulwulung, inggih sumangga sang anom.

Kula gadhah panyuwun, mrih lestantun tan sansayeng laku, kaparenga miturut sacaraneki, kiraka hywa walang kalbu, datan nhyuwalani ingong.

Wus kerit lampahipun, praptaing Kasanga tepinipun, sisi lebu kadi awu warnaneki, tan wonten taru kang thukul, ngilak-ilak lir sinapon.

Ambanon ingkang wangun, nangin mawi malengkong mangidul, kathal bolong kadya lenge yuyu nenggih, katutub ing lebu lembut, tiniyub maruta katon.

Sadaya sami ngempus, lir tutuban dene telengipun, wonten eleng sadandang wirarireki, akumrangsang ungelipun, tinindakan alon-alon.

Wus celak mendhak sampun, lambah bocong ngambah krikil alus, warna abrit pethak jene anelasih, kendel sila dennya lungguh, rahadyan anulya jongkok.

Mariksa lebetipun, kileng-kileng kinclong warnanipun, kadya lingsah ingkang sakalangkung wening, swara kumrangsang saya sru, wusing anom ngandika lon.

Punapi marmanipun, lampah bocong Ki Jatipitutur, matur kurmat reh wus celak dunungneki, Prabu Anom Tunggulwulung, kadinanan ngelmi kaot.