K I N A N T H I

K I N A N T H I
01
Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling.
02
Dadiya lakuniraku,

cegah dhahar lawan guling,

lawan ojo sukan-sukan,

anganggowa sawatawis,

ala watake wong suka,

nyuda prayitnaning batin.

03
Yen wus tinitah wong agung,

ywa sira gumunggung dhiri,

aja nyelakaken wong ala,

kang ala lakunireki,

nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.

04
Nadyan asor wijilipun,

yen kelakuwane becik,

utawa sugih cerita,

kang dadi misil,

yen pantes raketana,

darapon mundhak kang budi

05
Yen wong anom pan wus tamtu,

manut marang kang ngadhepi,

yen kang ngadhep akeh durjana,

tan wurung bisa anjuti,

yen kang ngadhep akeh bongsa,

nora wurung dadi maling.

06
Sanadyan nora melu,

pasti wruh lakuning maling,

kaya mangkono sabarang,

panggawe ala puniki,

sok weruha gelis bisa,

yeku panuntuning iblis.

07
Panggawe becik puniku,

gampang yen wus den lakoni,

angel yen durung linakwan,

aras-arasen nglakoni,

tur iku den lakonana,

mufa’ati badanneki.

08
Yen wong anom-anom iku,

kang kanggo ing masa iki,

andhap asor dipun bucal,

ambeg gumunggung ing dhiri,

obrol umuk kang den gulang,

kumenthus lengus kumaki.

09
Sapa sira sapa ingsun,

angalunyat sarta edir,

iku lambanging wong ala,

nom-noman adoh wong becik,

emoh angrungu carita,

kang ala miwah kang becik.

10
Cerita kang wus kalaku,

panggawe ala lan becik,

tindak bener lan becik,

tindak bener lan kang salah,

kalebu jro caritareki,

mulane aran carita,

kabeh-kabeh den kawruhi.

11
Mulane wong anom iku,

abecik ingkang taberi,

jejagongan lan wong tuwa,

ingkang sugih kojah ugi,

kojah iku warna-warna,

ana ala ana becik.

12
Ingkang becik kojahipun,

sira anggawa kang remit,

ingkang ala singgahana,

aja niat anglakoni,

lan den awas wong kang kojah,

ing lair masa puniki.

13
Akeh wong kang bisa muwus,

nanging den sampar pakolih,

amung badane priyangga,

kang den pakolihaken ugi,

panastene kang den umbar,

nora nganggo sawatawis.

14
Aja ana wong bisa tutur,

amunga ingsun pribadhi,

aja ana amemedha,

angrasa pinter ngluwihi,

iku setan nunjang-nunjang,

tan pantes dipun cedhaki.

15
Singakna den kaya asu,

yen wong kang mangkono ugi,

dahwen open nora layak,

yen sira sadhinga linggih,

nora wurung katularan,

becik singkiorana kaki.

16
Poma-poma wekasingsun,

mring kang maca layang iki,

lan den wedi mring wong tuwa,

ing lair prapto ing batin,

saunine den estokna,

ywa nambuh wulang kang becik.

________________________________