PANGKUR

The Bharatayudha Arena

Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal

Aji Pamasa

P A N G K U R

48. Murih harjaning puraya, poma-poma wicaga dèn ugemi, cepengana ingkang wastu, langkana tan wrin godha, upayanen paugeran priha tan wur, lumèng prabaning nagara, sumrambah kawula dasih.

 

49. Ywan pramoda dadya wasa, wit tan lengkep manira angluluri, dadya ura jroning dhatu, paraha sanagara, temah sisah lamun katala wus kusup, angèl dipun dandosana, jugar wigar kang kawuri.

 

50. Lamun ginadhuh wisésa, aywa gampil atilar silastuti, sanadyan tumrah ing bandhu, pakeken datan lirwa, nora ngugung dupèh sentananing ratu, dhusdha pinaring papaka, dharaka manggih astuti.

 

51. Kang wasisdha angrèh praja, gegebengan pradika gegyan adi, ywa parasama ring manu, linenggahna sapadha, siningkirna sagung dhasdhi angriridhu, murih kalis king dhuskarta, satemah lulus basuki.

 

52. Pirengwa dipun landhepna, piyarsakna gung pasambating kasi, kalamun datan pakantuk, kaadilan kang santya, sanadyanta dudu tuturasing ratu, ywan gesangipun kastura, tikbranira dipun sanggi.

 

53. Tumarah para sentana, kang gumendhung morang kèhing kintaki, kang dadya ugering dhatu, remen anunggyangtaya, amikara dupèh maksih tedhak luhur, aywa mangu pinidana, ngetrepi jejeging adil.

 

54. Aywa pisan darbé sedya, angalingi klepataning sentani, lampahnya aywa dèn ugung, niyak sagung prarepa, saya ndadi dhumateng wisésa wuru, nora idhep mring dadalan, muksapada kang linari.

 

55. Masiya maksih sudara, nanging remen miyala sasing janmi, becik tinerapan siku, dinendha sawatara, ingkang murwat klayan kalepatanipun, pamurih rèh jinejegna, ywa nganti amémérangi.

 

56. Nilep lepating sentana, paribasa babathang dèn kemuli, sanadyanta nganti brukut, wus datan kawistara, mongka sutra ingkang kinarya salimut, tetep dugi titi mangsa, kinuswa gandaning pati.

 

57. Aja dupèh kadang raja, tandang-tanduk sarwi ngéwan-éwani, panganggepipun kalantur, kascar- yan kalenggahan, kasyang asih kibir edir lawan umuk, apracara sagendhingnya, tyang alit tan ana wani.

 

58. Awasna pamawasira, wirahsané bebener duk inguni, basan badrak badan kramu, langking tan ana rega, nora bener kalamun tan dèn paèlu, sinikara siya-siya, kawuri amamalati.

 

59. Prayojana ingkang prama, nora gingsir kalindhih sagung pamrih, ngudi cantya aji mumpung, sentana dadya bala, tan nayuti sanadyanta tindak luput, binari asuka-suka, tundhoné angundhuh tuni.

 

60. Aywa wuru mring sarkara, mamanisé wisésa pinracadi, dupèh lelenggah ngaluhur, sanak kadang dèn uja, pinaringan wengan awawatak diyu, kethaha mring donya brana, prana winengku ing moksil.

 

61. Pan wus jamaking manuswa, lamun mukti padatan dadya lali, mring pangwasa kapiluyu, ical landheping rahsa, andrawili kasukan ingkang kabujung, mring dasih suka andaha, trékahnya anjurbalani.

 

62. Suka-suka parisuka, ngajak-ajak tingkahipun nyrambahi, dhateng sanak-kadangipun, jinarken ngambra-ambra, lamun lepat sengadi datan anahu, kupiya ywa kawistara, pinurih tiningal èdi.

 

63. Nggagadhang éndrasangsara, mring sentana mirah nggènnya andani, sinarujuk dyana luput, lumuh pènget myang warah, wit misésa datan wènten tembung klintu, samudaya kaleresna, tyang andèh tan ana wani.

 

64. Lamun kaladuk énaka, mangka murba wewenang angrèh kasi, tedhak turun dipun ugung, acongkak sosongaran, angandelken maksih dharahing ngaluhur, andé sangsaraning praja, anjuk risaking nagari.

 

65. Poma dipun waspadakna, ywan amengku wisésa nyakrawati, aywa kalulun ing napsu, tyas ura nir waskitha, kang satiti mulat sisiping tumanduk, nadyanta alit kéwala, bisa akarya papaki.

 

66. Kalamun dadi pramuka, pinitaya mangrèh jantraning nagri, andurasa labetipun, mélik dèn anjuk tebya, sung ancuta mring bebener datan indung, sirik nyilibken piala, pracékaning sentanèki.

 

67. Bangkit nahen sagung hawa, kaadilan tan kendhat dipun udi, tumrah kawula sadarum, tan ana béda-béda, wus samesthi kang lepat pinaring bendu, dadya pangungsèn sanyata, tumrap kang sami andasih.

 

68. Becik lamun paramarta, sung apura kawula ingkang lali, niyak gegebengan luhur, wus mratobat sanyata, nanging baya aywa kalimput ing semu, katalya ing panggraita, lampah dora datan maksi.

 

69. Mangkana traping trapsila, samektakna manah kadya udadi, nalar mulur tan kalantur, dyan loma pangapura, aywa mamang matrapi ingkang kalintu, pinta-pinta paneraknya, kadang kawula pan sami.

 

70. Utana lestari begja, titis mawas gelitaning prakawis, nora nilarken papacuh, ambuburu angkara, dupèh lagya ginadhuhan sendhang madu, mring asanès siya-siya, lepating kadang siningid.

 

71. Angunguja karsèng driya, catur wengis tumanduk ing sasami, basan tatanem gugrumbul, kemarung bobondhotan, undhuhané prahara gung sakelang-kung, waris sentana dèn uja, tan ana nohan nuhoni.

 

72. Kèh tyang sudra ananantya, tinilingna pasambat kawlasarsi, nora luwèh mring panglawung, dupèh sanès sentana, iku dudu wawantuning pangrèh luhur, luput winastan waskitha, kekeling kang dipunnèni.

 

73. Urip muspra nir sarkara, kakarèné tan liya sarwi rungsit, nglangut nenga namu-namu, ical jatining rahsa, dadya linglung nunjang palang kadé diyu, risak sakèhing ukara, wus tan wènten silastuti.

 

74. Latah remen andurkara, kibir edir jubriya sagung janmi, mring bebecik tan anaur, malah mamales ala, kosok-wangsul mring sanak-kadang sadarum, panyaruwé tan pinanggya, jinarken amurang tatir.

 

75. Makaten kababarira, ywan kaandhar pepeceh kang kaping dwi, andungkap warah katelu, yèku amawang kadang, nora béda klayan piwucal karuhun, menggah lengkeping ukara, sinekar Asmaradani.