Tag Archives: Macapat

Gallery

Ilmu Kang ditekadake Syeh Siti Jenar

This gallery contains 1 photos.

SINOM Pagurone Syeh Lemah Bang, Wejangane tanpa rericik, Lan wus atinggal sembahyang, Rose kewala liniling, Meleng tanpa aling-aling, Wus dadya Paguron Agung, Misuwur kadibyannya, Denira talabul’ilmi, Wus tan beda lan sagunging aulia. Perguruan Syeh Lemah Bang, Wejangannya tanpa menggunakan perlambang … Continue reading

Gallery

WEJANGANE KANGJENG NABI KILIR MARANG SYEKH MALAYA

This gallery contains 3 photos.

SINOM Saking Cirebon angkatnya, Sang Syeh Malaya winarni, lampahe alelancaran, tan ana kaya kaesthi, amung nugraha Jati, inguger granina jejantung, mangalor paranira, prapteng pasisir watawis, mangu mulat lirap-liraping samudra. Tan ana palwa katingal, anuju kalaning ratri, pakewed raosing driya, deniarsa … Continue reading

Gallery

Kaweruh Impen

This gallery contains 1 photos.

LES-ING TURU Manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, rerem sajroning baitalmakmur, banjur muntu ing koroning pramana, nglerep sakehing pancadriya, mangka kaprabawan dening pangawasaning suksma nggelar pangrasa. Wahanane dadi turu … Continue reading

Gallery

WEJANGANE SUSUHUNAN GUNUNG JATI MARANG SYEH MALAYA

This gallery contains 2 photos.

KINANTHI Syeh Malaya nembah matur, mring Jeng Sunan Gunung Jati, dhuh Pukulun Sang Pinudya amba minta tuduh jati, singir kang sampun kinocap, paran artosipun mangkin. Wonten ing sih Pukulun, rehing mudha dameng budi, sasat sato umpaminya Jeng Sunan ing Gunung … Continue reading

Piwulangipun RM Ngabei Ronggowarsito Nalika Bade Seda [1]

ronggawarsito

DANDANGGULA

1.

Rarasing tyas sinawung hartati, denirarsa amedar carita, ngayawara puwarane, berawaning madangkung, hinukara ri Sukra Kasih, rong piluh wulan Rajab gati kenemipun, warsa Jimakir Sancaya, sinengkelan muluk ngesti aji, tata wedaring kata.

2.

Heh ta rising dwi atmaja mami, parsudinen dadining parasdya, pinrih haywa kongsi kecer, cangkok lan isinipun, yen kecera slah sawiji sayekti dadi tuna, tuwas angguguru, during weruh pamorira, wohing semu pasemon gaibing Widdhi, datan kena madaya.

3.

Supadine daya tyas pangiling, lukitane ingkang sastra cetha, ing mangka darsane, wong berbudi pan cukup, anyukupi pati saurip-uripe aneng donya, prapteng janjinipun, sayekti datankewran denira mrih prasti pulasta pinusti, estine kene kana.

4.

Sakamantyan denira marsudi, widadane ingkang sami kara, karana tan kena mleset surasaning kang ngelmu  nora kena medayeng janji, janji mung sapisan, purihen den kumpul, Gusti kalawan kawula, supadine dinadak bias umanjing satu mungging rimbangan.

5.

Yen rinasa surasaning manis, temah dadya hardaning wardaya, saking dahat denya rame, marma den bisa gilut, gilutan among patitis titikane den kene nemu yen ketemu, nemu sosotia kancana, ujwalane sarpakenaka nelahi, sumorot sorotira.

6.

Anyoroti padanging Hyangrawi, isining rat kawratan sadaya, yekti tan ana petenge nanging ta arang nggayuh, gayuhane tepa palupi, pilih-pilih kang nyandak, sarkaning madu dudunung netan ning nang nora adoh perek seneng ugi gepokane tur cedak.

7.

Cepakane pepak amepeki, paran dene teka nara gampang, pambudine kadang cewet, wela graitanipun, saking kalab-kalaban dening harda – hardening nala, sruning tyas kayungyun, kayun marang sih katresnan, iku mangka bancana dirgameng pati, patine tanpa sedya.

8.

Saya harda-hardaning pambudi, budi daya madya lan utama, utameng rat pasemone, marma den bisa besut besutane kang tirta wening, wening wenes kalintang, tanpa pama tuhu, satuhuning kasunyatan kanyatahan kang sami dipun lampahi, wiwitan lan wekasan.

9.

Wekasane mung ngantepi pati, paran dene meksa taksih awrat, kalindih saking panggawe kira-kiraning kalbu, sapa baya bisa amesti jer pan durung ana wong milalu lampus, konus kongas saking atma, nadyan silih sampun wreda kaki-kaki maksih sungkan kewala.

10.

Yen tuhuwa awite anitis, pan tumita dumadi manungsa, sinung harja bungah sapira kadaripun, aneng donya pan ora lami, lamine nora lama, umur sewu taun, lamun ora ngawruhana, angrawuhi marang jamaning kapitan sayekti dadi tuna.

11.

Tuna dungkap kaolah ing pikir, pan kapiran jamaning ngakerat, sakarate yektii suwe-suwe ngulari perlu-perlu mati pijer madelik, kelike ora ana, anane mung kuwur, baliwur tan wruh ing marga, marga lena kalenan datan pinikir, mungkir tinggal agama.

12.

Agamane ingkang luwih suci, anuceni dat kalawan sipat-sipat murah salamine marma den bisa kulup pipikulan away katembing, titimbangane ana, iku paminipun nimpuna sandang lan pangan ora kena tinilar sawiji, wajibe bebarengan.

13.

Kena uga kalawan siniring, maring wong kang angupaya pangan, saben dina nyambut gawe, amrih kencenging waduk, wadak iku wadahing uripe saking sedya, sedyane mrih cukup nyukupi jaba jro amba, babarane bineber ngeberi budi, budaya kang sanyata.

14.

Kanyataan ing urip puniki, tan liyan sing hardening baksana, tiba saenggon-enggone pan tibeng nora saru sarupane ruruba yekti, yektine aywa sulap mring sulapanipun, budinen den kongsi kena, nanging aywa sira budi saben hari aywa pegat.