Tag Archives: Megatruh

Gallery

WEJANGANE SUSUHUNAN GUNUNG JATI MARANG SYEH MALAYA

This gallery contains 2 photos.

KINANTHI Syeh Malaya nembah matur, mring Jeng Sunan Gunung Jati, dhuh Pukulun Sang Pinudya amba minta tuduh jati, singir kang sampun kinocap, paran artosipun mangkin. Wonten ing sih Pukulun, rehing mudha dameng budi, sasat sato umpaminya Jeng Sunan ing Gunung … Continue reading

Piwulangipun Dumateng Putra Raden Mas Ngabei Ronggowarsito Nalika Bade Seda II

Ranggawarsita Wall

1.

Sanitiasa denira paring wuwuruk, Marsepuh sang maha yekti, Tinumpa tumpa tinumpuk, Pinatha pantha pinasti, Saniskaraning pangawaroh.

2.

Pan liningga salingga sawanda wuyud, Wuyude pan dadi siji, Mijen jagad sawegung, Saking kodrating Hyang Widhi, Kasamadan dating Manon.

3.

Amanoni pamulune kadi duwung, Kukuwunge mingis-mingis piningit tan kena konus, Yon konus ngenesken ati, Amulat gebyaring pamor.

4.

Dasar pamor pamore handamar murub, Bener ingkang kekes wing wrin rumangsa kasoran ampuh, pupuhe tuhu patitis, Titi datan atumpang so.

5.

Yen tinantang tantingane tuhu kukuh, Kukuhe nora ngencengi, Kenceng kinarya pangayun, Tarincingaken neng wuri, Cacakane nora moncol.

6.

Cakep cukup nyukupi yen oleh rembug, Rembuge tan katon gitik titikane urun-urun, Nguruni dadine ngelmi, Kaya sukane ponang wong.

7.

Wuwuh-wuwuh amuwuhi kawruhipun, Pantese wong cipta yekti tan amprih karya panggunggung gunggunge gunggungan dadi, Tinitah pandita kaot.

8.

Kaot wilet maneh oleh tindak tanduk dudugane tan ketembing tumanbirang kaduk purun, Purune nora nyamahi, Marang ngelmu kang wus manggon.

9.

Pamanggone tapa brata pitung wektu, Dene tatapa kang siji apane jasad puniku haywa darbe, Esakserik, Narima terusing batos.

10.

Kaping kalih pan ing tapa-tapa tuhu, Lahiya tapaning buda among tapa temenipun, Nyepen ninis thalan nisthip, Anyirnakna ati goroh.

11.

Kaping tiga tapaning kang hawa nepsu, Nglakonana sabar ngalim-ngapura salaminipun, Nadyan sira pinisakit, Tawa kupo mring Hyang Manon.

12.

Ingkang kocap tapa brata kaping catur, Ya tapaning rasa jati, Heneng heningna kalbu, Mesuwa puja samadi, Heneng hening yekti dados.

13.

Kaping lima tapaning suksma puniku, Gelara marta martani, Lega legawaning kalbu, Haywa munasikeng jalmi, Amonga atining nguwong.

14.

Kaping neme tapaning cahya humatur, Waskitha kalawan eling, Datan samar ing pandulu, Eling panuntun basuki, Kadarma ati mancorong.

15.

Kaping pitu tapaning urip puniku, Santosa den ngati-ati akanthiya teguh timbul, Haywa was sumelang galih, Ngandela marang Hyang Manon.

16.

Kethokana kethoken bongkot lan pucuk, Samene bae nyukupi, Pan ora memurung laku, Lakon anglakoni pati amancat, Dabatil maut.

17.

Mung sakedap netra pangancase mangsuk, Umanjing suruping pati, Patitis jagad kinukut kukutan dadya sawiji, Rinacut, Manjing kedaton.

18.

Nanging ndulu kadaton ingkang kadulu, Yen Kadulu niniwasi, Katiwasan patinipun, Patiheng sasat dadya kenut, Manjing watu lan kakayon.

19.

Kayu watu ginelar dadya swarga gung, Saniskara amenuhi, Sarwa endah adi luhung, Asenen dipun enggeni, Aworbrakasakan jrangkong.

20.

Mindo gawe gagaweayan ora weruh, Weruh-weruh wus kawalik, Walikane sulang surup, Surup salah panampi, Tampane wus kejelomprong.

21.

Marmanipun santosa ateguh timbul, Kanthi awas lawan eling, Aywa samar ing pandulu, Kedaton ingkang sejati, Sajatine tan katongton.

22.

Tampa terus nerusi malebeng bumbung, Barumbunganing setroli, Padange kalangkung-langkung, Langgeng ora owah gingsir, Sire mulih dating MAnon.

23.

Meneng langgeng nora kocap tan winuwus, Nora mulat sawarga di, Pan rumangsa ngeyup, Malela lenge don adi, Dadi nabi wali awor.

24.

Gambir wungu nora cidra yektinipun, Lamun kang marsudeng gaib, Liningkap lelimpitanipun, Nora wus kuwatir, Ngandel caloroting batos.

25.

Wasiteng san mring sira wus tamat kulup, Mangkya ingsun minta pamit, Harsa mulih mring don luhung, Amung kurang limang ari, Salameta putraning ngong.

26.

Titenana rong windu aja dumawuh, Pulung gana kang sejati, Wartaning kang para jamhur, Ku sidaning kadadin, Dadi ning tapa kang manggon.

Sumego

_________________________________________________

MEGATRUH

1. Sanitiasa denira paring wuwuruk, Marsepuh sang maha yekti, Tinumpa tumpa tinumpuk, Pinatha pantha pinasti, Saniskaraning pangawaroh.

2. Pan liningga salingga sawanda wuyud, Wuyude pan dadi siji, Mijen jagad sawegung, Saking kodrating Hyang Widhi, Kasamadan dating Manon.

3. Amanoni pamulune kadi duwung, Kukuwunge mingis-mingis piningit tan kena konus, Yon konus ngenesken ati, Amulat gebyaring pamor.

4. Dasar pamor pamore handamar murub, Bener ingkang kekes wing wrin rumangsa kasoran ampuh, pupuhe tuhu patitis, Titi datan atumpang so.

5. Yen tinantang tantingane tuhu kukuh, Kukuhe nora nora “>ngencengi, Kenceng kinarya pangayun, Tarincingaken neng wuri, Cacakane nora moncol.

6. Cakep cukup nyukupi yen oleh rembug, Rembuge tan katon gitik titikane urun-urun, Nguruni dadine ngelmi, Kaya sukane ponang wong.

7. Wuwuh-wuwuh amuwuhi kawruhipun, Pantese wong cipta yekti tan amprih karya panggunggung gunggunge gunggungan dadi, Tinitah pandita kaot.

8. Kaot wilet maneh oleh tindak tanduk dudugane tan ketembing tumanbirang kaduk purun, Purune nora nyamahi, Marang ngelmu kang wus manggon.

9. Pamanggone tapa brata pitung wektu, Dene tatapa kang siji apane jasad puniku haywa darbe, Esakserik, Narima terusing batos.

10. Kaping kalih pan ing tapa-tapa tuhu, Lahiya tapaning buda among tapa temenipun, Nyepen ninis thalan nisthip, Anyirnakna ati goroh.

11. Kaping tiga tapaning kang hawa nepsu, Nglakonana sabar ngalim-ngapura salaminipun, Nadyan sira pinisakit, Tawa kupo mring Hyang Manon.

12. Ingkang kocap tapa brata kaping catur, Ya tapaning rasa jati, Heneng Heneng “>heningna kalbu, Mesuwa puja samadi, Heneng hening yekti dados.

13. Kaping lima tapaning suksma puniku, Gelara marta martani, Lega legawaning kalbu, Haywa munasikeng jalmi, Amonga atining nguwong.

14. Kaping neme tapaning cahya humatur, Waskitha kalawan eling, Datan samar ing pandulu, Eling panuntun basuki, Kadarma ati mancorong.

15. Kaping pitu tapaning urip puniku, Santosa den ngati-ati akanthiya teguh timbul, Haywa was sumelang galih, Ngandela marang Hyang Manon.

16. Kethokana kethoken bongkot lan pucuk, Samene bae nyukupi, Pan ora memurung laku, Lakon anglakoni pati amancat, Dabatil maut.

17. Mung sakedap netra pangancase mangsuk, Umanjing suruping pati, Patitis jagad kinukut kukutan dadya sawiji, Rinacut, Manjing kedaton.

18. Nanging ndulu kadaton ingkang kadulu, Yen Kadulu niniwasi, Katiwasan patinipun, Patiheng sasat dadya kenut, Manjing watu lan kakayon.

19. Kayu watu ginelar dadya swarga gung, Saniskara amenuhi, Sarwa endah adi luhung, Asenen dipun enggeni, Aworbrakasakan jrangkong.

20. Mindo gawe gagaweayan ora weruh, Weruh-weruh wus wus “>kawalik, Walikane sulang surup, Surup salah panampi, Tampane wus kejelomprong.

21. Marmanipun santosa ateguh timbul, Kanthi awas lawan eling, Aywa samar ing pandulu, Kedaton ingkang sejati, Sajatine tan katongton.

22. Tampa terus nerusi malebeng bumbung, Barumbunganing setroli, Padange kalangkung-langkung, Langgeng ora owah gingsir, Sire mulih dating MAnon.

23. Meneng langgeng nora kocap tan winuwus, Nora mulat sawarga di, Pan rumangsa ngeyup, Malela lenge don adi, Dadi nabi wali awor.

24. Gambir wungu nora cidra yektinipun, Lamun kang marsudeng gaib, Liningkap lelimpitanipun, Nora wus kuwatir, Ngandel caloroting batos.

25. Wasiteng san mring mring “>sira wus tamat kulup, Mangkya ingsun minta pamit, Harsa mulih mring don luhung, Amung kurang limang ari, Salameta putraning ngong.

26. Titenana rong windu aja dumawuh, Pulung gana kang ning “>kang “>sejati, Wartaning kang para jamhur, Ku sidaning kadadin, Dadi ning tapa kang manggon.